TUd6GfM5GSYpTSM6BSYoTUYlGd==

Khutbah Jumat Singkat - Ilmu Barokah

santri pondok, santri
https://uinsgd.ac.id/santri-itu-keren/

KHUTBAH ILMU BAROKAH

اَلْحَمْدُللهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ وَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِينْ وَلَا عُدْوَانَ إِلاَّ عَلَى الظَّالِمِينَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى خَيْرِ خَلْقِهِ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ. أَمَّا بَعْدُ ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اُوْصِيْنِيْ نَفْسِىْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ

Para sederek jama’ah Jum’ah rahimakumullah,

Sumangga sami kita ningkataken taqwa lan ajrih kita dumateng Allah, kanti ngestokaken dawuh dawuhipun, lan nebihi sedaya awisanipun, Inggih kanti taqwa dumateng Allah punika kita bade kaparingan rahmat lan kawilujengan saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala. Jalaran Allah QS. Fushshilat: 18 sampun paring dawuh :

وَنَجَّيْنَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَكَانُوْا يَتَّقُوْنَ ۝١٨

“Lan Ingsun nyelametake marang wong wong kang pada iman lan wong kang pada tansah netepi taqwa”.

Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,

Sadaya tiyang kepingin barokah ing sedayanipun. Barokah gesangipun, barokah umuripun, barokah rizki lan harta bandanipun, barokah ilmunipun, kelurganipun lan barokah sedayanipun. Barokah punika tambahipun kesaenan lan keta’atan nipun kawula dateng Allah Subhanahu wa Ta’la, kanthi kawontenan kados punapa kémawon. Bungah lan susah, jembar lan rupeg rizkinipun tetep tha’at dateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.

Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,

Gesang barokah mboten namung séhat, ananging ugi sakit punika inggih mungkin barokah. Kados sakitipun Nabi Ayub ‘alaihi salam, sakitipun ndadosaken tambah tha’atipun dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Umur barokah, mboten mesthi dawa umuripun. Wonten ingkang cendak umuripun, nanging katah tha’atipun dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala saget ngukir sejarah, dipun kenang déning generasi sak pengkeripun.

Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,

Ilmu barokah, dipun ngamalaken dening tiang katah, lan kangge ngetingalaken syiar agaminipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Gaji barokah, mboten gaji lan upah ingkang katah, ananging gaji lan penghasilan ingkang anjalari marginipun rizki lan manfa’ati lan dados sarana anggenipun ngibadah kumawula dateng Allah. Putra ingkang barokah punika ingkang tha’at dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, bektos dateng tiang sepuhipun, lan mboten pedhot-pedhot ndongakaken dateng tiyang sepuhipun.

Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,

Panyuwun kita tansah kaparingan pitulung, tetep iman Islam lan tha’at dateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, tentu Allah Ta’ala badé paring barokah rizki saking langit lan bumi. Kados janjinipun Allah Ta’ala kasebat wonten ing Al-Qur’an makaten:

وَلَوْ اَنَّ اَهْلَ الْقُرٰٓى اٰمَنُوْا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكٰتٍ مِّنَ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِ وَلٰكِنْ كَذَّبُوْا فَاَخَذْنٰهُمْ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ ۝٩٦

“Menawa sekirané para penduduké negara-negara pada iman lan taqwa, wus mesti Ingsun bakal nurunaké marang dѐwѐké mau berkah sangka langit lan bumi, ananging dѐwѐké pada nggorohaké (marang ayat-ayat Ingsun) mula akhiré Ingsun siksa wong-wong mau amarga lelakoné dѐwѐké”. (QS. Al-A’raf :96).

Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,

Makaten makna lan tegesipun barokah, mboten namung katahipun materi, ananging manfa’at lan faedahipun perkawis wau andadosken tambahing tha’at dateng ngarsanipun Allah Ta’ala.

Mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala paring barokah dateng sedaya nikmat ingkang dipun paringaken dumateng kita, saget minangka lantaran tha’at kita dateng Allah Ta’ala. Anjalari gesang kita begja lan mulya ing dunya dumugining akhirat.  Amin.

باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ والذِّكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ

Khutbah II

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدِ بْنِ عَبْدِ الله وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القِيَامَة، أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلْهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ المُسلِمُونَ، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَاعلَمُوا اِنَّ اللّٰهَ مَعَ الَّذِيْنَ اتَّقَوْا وَّالَّذِيْنَ هُمْ مُّحْسِنُوْنَ، قَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اَللّٰهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ


Komentar0

Type above and press Enter to search.